Sejarah Desa

SEJARAH RINGKAS DESA MERKAWANG
 
Merkawang asal biyen ono salah sijine Priyayi lelono ngethok kayu ing salah siji ne alas grumbul tanpo di sengojo tatal olehe nebang kayu iku,mencelat ono ing salah siji ne alas grumbul sing dadekno sworo j embleghur ,sworo iku koyo sendang amber banyune kang kecemplungan barang abot , Priyayi kaget/kagum krungu sworo mau,langsung dewek,e ningali/madosi sworo inkang dadek,ake kaget priyayi kolo wau,koyo bledek ing mongso ketigo priyayi kolo wau mados ake sumur ingkang amber toyane,priyayi kolo wau ginak,ake kangge kebutuhan rumah tangga lan sak lintu2 nipun,Priyayi kolo wau nyukani tetenger ing alas grumbul wau kalian nami  Sumur Awang ,,ingkang kacetho dados sak mangke
Desa Merkawang
Kawontenan ingkang dados leluhur wonten ing tlatah Dusun merkawang inggih puniko :
  1. Syech Maulana Ishaq ( ingkang sak mangke Makom ipun sebelah kilene Sumur Kawang,ingkang Insya Allah benjeng enjeng wonten Tahlil Umum ing plataran Makom)
  2. Nyai Buyut Mayang sari ( ingkang makomipun sebelah kidul kilen,e Dusun Merkawang,ingkang Insya Allah benjeng dinten Senin Legi dipun wontenaken Tahlil umum ingplataran makom )
  3. Nyai Muninggar utawi Mbah buyut Doyi. ( ingkang makom,e sebelah kilen,e Kantor Dusun Merkawang )
 
Lan maleh Tokoh ingkang gadah tipak babat lan nyebarake agomo Islam ing Dusun Merkawang inggih puniko :
  1. Mbah Kiai Syujak (Alm.)
  2. Mbah Kiai Nahrowi (Alm.)
  3. Mbah Kiai Syarif (Alm)
  4. Mbah H. Taslim (Alm)
  5. Mbah Kiai Abdus salam (Alm)
  6. Lan sak meniko di pun terusaken kalian Mbah KH Syujak……..
Lan Maleh ingkang nate mimpin Deso Merkawang :
  1. Mbah Ki Demang Kawang (Alm)
  2. Mbah Kamar (Alm)
  3. Mbah Sakimo ( Alm )
  4. Mbah Ingkang (Alm)
  5. Mbah Tamsidin (Alm)
  6. Mbah Kasbu (Alm)
  7. Mbah Tarman (Alm)
  8. Mbah Tarmuji (Alm)
  9. Bpk H.Zubaedi (Alm)
  10. Bpk. H.Mastur
  11. Bpk. Ali Mustain
  12. Bpk. H. Mastur
  13. Bpk. Ahmad Wahib Al haitimi, S.Pt.
Mekaten cerito cekak Asal usul,e Deso Merkawang lan Tokoh2 inngkang nate gadahi peran  maju ne Deso Merkawang,mugi2 Allah SWT maringi keslamatan ing Donyo lan ugi bejeng  wonten akhirat…Amien-Amin Ya Robbal Alamin.